Abdi dalem |
1. Tembung dwilingga
a. Dwilingga padha swara ya iku tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho
- Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang.
b. Dwilingga salin swara ya iku tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah
- Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik.
c. Dwilingga semu
- Ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng, athi-athi.
Miturut tegesé
Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, ya iku:
- Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
- Dadi tembung kahanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
- Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
- Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
- Senadyan. Tuladha: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
- Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
- Paling. Tuladha: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
- Lara = lelara
- Guyu = geguyu
- Tuku = tetuku
- Laku = lelaku
3. Tembung dwiwasana
Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
- Benyik = benyinyik
- Cuwo = cuwowo
- Pethet = pethethet
- Penyo = penyonyo
No comments:
Post a Comment